Georginio Wijnaldum

Georginio Wijnaldum utawa Georginio Gregion Emile Wijnaldum yaiku salah sawijining pamain bal-balan aguna kang asalé saka nagara Walanda uga dwé getih Surinamé lan main kanggo klub Liga Primèr Inggris, Liverpool FC. Dhèwèké lair ing kutha Rotterdam surya ping 11 Novèmber 1990 (umur 29), duwé dedeg 175 cm 69 kg lan mapan ing posisi glandhang tengah dhèwèké migunakaké nomer geger 5 nalika ing lapangan tetandhingan.[1][2][3] Salawasé main ing Liga Primèr Inggris, Wijnaldum wis nyathethaké 170 panampilan, 24 gol, lan 16 asis (Liverpool lan Newcastle).[4]

Georginio Wijnaldum
Wijnaldum ing Timnas Walanda taun 2016
Katerangan priangga
Jeneng dawaGeorginio Gregion Emile Wijnaldum
Tanggal lair (1990-11-11) 11 Novèmber 1990 (umur 33)
Papan lairRotterdam,  Walanda
Dhuwur1.75 m (5 ft 9 in)
Posisi mainGlandhang
Katerangan klub
Tim saiki
Liverpool
Angka5
Karir nom
1997–2004Sparta Rotterdam
2004–2007Feyenoord
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2007–2011Feyenoord111(23)
2011–2015PSV109(40)
2015–2016Newcastle United38(11)
2016–saikiLiverpool132(13)
Tim nasional
2005–2007Walanda U1715(4)
2007–2009Walanda U1917(5)
2009–2013Netherlands U2124(10)
2011–saikiWalanda62(18)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 15:01, 17 Mei 2020 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 17 Mei 2020

Wiwitan besut

Nalika umur 16 taun, Wijnaldum dadi pamain paling enom Feyenoord kang nglakoni debut ing pungkasan mangsa 2006-07. Dhèwèké yaiku asil panggulawentah lakucara akadhemi pamain nom, sejatiné Wijnaldum isih pengin ana Feyenoord tumeka taun 2011 ditransfer menyang PSV Eindhoven déné dhèwèké ajeg nyithak gol lan nyumbang asis saka garis tengah. Nanging ing mangsa 2013-14 jalaran cidra ing geger dhèwèké dadi ajeg nglakoni oprasi kanggo nambani cidrané satémah arang-arang dimainaké ing tetandhingan liga.[5]

Karir besut

Liverpool besut

Wijnaldum yaiku pamain kang sarwa bisa kang teka menyang Liverpool saka Newcastle United ing 22 Juli 2016 kepungkur, sawisé nandhatangani kontrak dhèwèké banjur napak tilas nomer 5 kang mauné dianggo déning Daniel Agger, Wijnaldum banjur lumebu skéma formasi Liverpool besutan Jürgen Klopp kawit purwakaning mangsa 2016-17. Wijnaldum nyithak gol sepisané kanggo Liverpool nalika 6 Novèmber 2016 sajroning tetandhingan kang dimenangi Liverpool atas Watford kanthi angka 6-1 ing stadhion Anfield. Wijnaldum ngegolke kaping enem ing mangsa sepisané manganggo klambi Liverpool, nanging gol paling penting yaiku nalika tetandhingan pungkasan ing mangsa 2016-17 nalika Liverppol lumawan Middlesbrough kanggo mesthèkaké jatah tikèt Liga Champions kanggo Liverpool. Wijnaldum asring nyithak gol kang wigati kanggo Liverpool, tuladhané nalika ing semifinal Liga Champions 2018 nalika tetandhingan tandhang lumawan AS Roma, ing stadhion Olimpico, Roma. Wijnaldum kasil nyundhul bal kang dumadi saka tendhangan pojok James Milner, gol kuwi biyantu Liverpool lolos menyang final Liga Champions 2018. Pamain asil akadhemi Feyenoord kasebut nyathetaké panampilan kaping 100 kanggo Liverpool ing 29 Sèptèmber 2018 nalika tetandhingan gebag lumawan Chelsea. Wijnaldum biyantu Liverpool kanggo menangi piyala Liga Champions 2019, apa manèh ing semifinal tetandhingan kapindho nalika Liverpool tempuk Barcelona, dhèwèké dimainaké ing babak kaloro kanggo ngegolke gol sundhulan menyang gawangé Marc André Terstegen, lan main sajroning 62 menit ing final Liga Champions ing Madrid, nalika lumawan Tottenham Hotspur kanggo mikolèhi gelar kapisané kanggo Liverpool FC.[6]

Riwayat Transfer besut

  • 22 Sèptèmber 2009 dadi pamain utama Feyenoord Rotterdam.[7]
  • 4 Juli 2011 ditransfer saka Feyenoord menyang PSV Eindhoven kanthi rega kang ora disebutaké.[7]
  • 11 Juli 2015 ditransfer saka PSV Eindhoven menyang Newcastle United kanthi rega 14, 5 yuta Poundsterling.[7]
  • 21 Agustus 2016 ditransfer saka Newcastle United menyang Liverpool kanthi rega 25 yuta Poundsterling.[7]

Pangaji-aji besut

Selawasé kariré Wijnaldum ing jagad bal-balan, dhèwèké kapétung wis main ing patang klub kang béda-béda lan kalebu pamain kang sukses jalaran wis kasil ngantukaké pirang-pirang gelar juara.[8]

Priyangga besut

  • Pamain bal-balan paling becik Walanda taun 2015.

Klub besut

  • Juwara PIala Walanda U-17 bareng Feyenoord Rotterdam.
  • Juwara Piala Walanda 2008 bareng Feyenoord Rotterdam.
  • Juwara Piala Walanda 2012 bareng PSV Eindhoven.
  • Juwara Piala Super Walanda 2013 bareng PSV Eindhoven.
  • Kampiun Eredivisie 2015 bareng PSV Eindhoven.
  • Juwara Liga Champions Éropa 2019 bareng Liverpool.
  • Juwara Piala Super Éropa 2019 bareng Liverpool.
  • Juwara Piala Donya Antarklub FIFA 2019 bareng Liverpool.
  • Juwara Liga Primèr Inggris 2020 bareng Liverpool.

Statistik besut

Klub besut

KlubMangsaLigaPialaPiala LigaEropaLiyanéGunggung
DivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Feyenoord2006–07Eredivisie30000030
2007–08Eredivisie1012000121
2008–09Eredivisie334306130455
2009–10Eredivisie31471385
2010–11Eredivisie3414101203714
Gunggung11123131813013525
PSV2011–12Eredivisie328621245014
2012–13Eredivisie33146154114520
2013–14Eredivisie1140040154
2014–15Eredivisie331432824418
Gunggung1094015529101115456
Newcastle United2015–16Liga Primèr Inggris381110104011
Gunggung381110104011
Liverpool2016–17Liga Primèr Inggris3661050426
2017–18Liga Primèr Inggris3312010141502
2018–19Liga Primèr Inggris3530000122475
2019–20Liga Primèr Inggris28300008220385
Gunggung1321330603452017718
Gunggung Karir3888732670711661506110

Rujukan besut

  1. Transfermarkt, Admin (2020-04-08). "Profil Pamain Georginio Wijnaldum (Saka Basa Inggris)". Transfermarkt. Dibukak ing 2020-05-17.
  2. Admin, Bola Net. "Profil Georginio Gregion Emile Wijnaldum (Saka Basa Indonesia)". Bola Net. Dibukak ing 2020-05-17.
  3. World Football, Admin. "Ringkesan Pamain Georginio Wijnaldum (Saka Basa Inggris)". World Football. Dibukak ing 2020-05-17.
  4. Premier League, Admin. "Deleng Pamain Georginio Wijnaldum (Saka Basa Inggris)". Premier League. Dibukak ing 2020-05-19.
  5. LFC History, Admin. "Profil Pamain Georginio Wijnaldum (saka Basa Inggris)". LFC History. Dibukak ing 2020-05-17.
  6. Liverpool FC, Admin. "Pamain Tim Utama Georginio Wijnaldum (Saka Basa Inggris)". Liverpool FC. Dibukak ing 2020-05-17.
  7. a b c d Sky Sports, Admin (2020-01-07). "Sky Sports Georginio Wijnaldum (Saka Basa Inggris)". Sky Sports. Dibukak ing 2020-05-17.
  8. Transfermarkt, Admin (2020-04-08). "Gelar-gelar Georginio Wijnaldum (Saka Basa Inggris)". Transfermarkt. Dibukak ing 2020-05-19.