Arsenal F.C.

Arsenal Football Club (dikenal uga minangka Arsenal utawa The Gunners) yaiku kelompok bal-balan saka Inggris kang ana ing tlatah London sisih lor. Arsenal main ing Liga Utama Inggris lan kagolong tim bal-balan kang gedhé ing Inggris. Arsenal uga dadi anggota kelompok G-14, yaiku wadhahing klub-klub bal-balan gedhé ing Éropah. Arsenal awit taun 2007 duwé kandhang ing Stadion Emirates.

Arsenal
Barkas:Arsenal FC.svg
Jeneng dawaArsenal Football Club
ParabanThe Gunners
Yasa1886 dengan nama Dial Square
SetadhiyonStadion Emirates
Momotan60.500
MantriPeter Hill-Wood
MènèjerUnai Emery
LigaLiga Utama Inggris
2018-19Liga Utama Inggris (5)
Kandhang
Njaban
Katelu
Stadhion Emirates Kandhang Arsenal F.C

Sajarah Klub besut

Era 1886-1980 besut

Ing taun 1886 Arsenal madeg ing kutha Woolwich, pérangan kidul wétan kutha London. Taun 1913, Arsenal banjur pindhah ngalor menyang Stadion Highbury, kang dadi markasé nganti wulan Mèi 2006. Amarga cedhak kaliyan markas Tottenham Hotspur, mulané saben tetandhingan Arsenal lawan Tottenham diarani "North London derby". Arsenal ngrembaka lan misuwur punika kawiwitan saking pelatih Herbert Chapman kang nglatih ing taun 1925-1935 lan mgasilake juwara liga.

Déné ing Éropah, Arsenal misuwur wiwit taun 1971, ing kejuwaraan Fairs Cup (sapunika dados Piala UEFA). Arsenal dados juwara sawisé ngalahaké Anderlecht kanthi gol 4-3. Wanci punika Arsenal dilatih déning Bertie Mee. Sajeroning taun 1980an Arsenal kasil nambah sawatara gelar domestik.

Era 1990-saiki besut

Ing warsa 1991, Arsenal dadi juwara bebarengan karo Tottenham ing Community Shield kanthi skor imbang. Lajeng ing warsa 1994, nalika dilatih déning George Graham, Arsenal dados juwara manèh ing Éropah bakda ngalahaké Parma kanthi gol 1-0. Arsenal mlebu final ing taun 1995, nanging dikalahaké déning Real Zaragoza kanthi gol 2-1.Pelatih Arsène Wenger ing warsa 1996 kasil ndadèkaké Arsenal tim kang gedhé manèh. Arsenal uga kasil ngalahake Manchester United ing Liga Utama Inggris wektu semana. Arsenal dadi juwara loro (runner-up) ing Piala UEFA taun 2000 bubar nglawan Galatasaray kanthi adu penalti 4-1. Ing taun 2003-2004 lan 2004-2005, Arsenal kasil nyétak rekor 49 tetandhingan ora tau kalah lan medhotaké rekor Nottingham Forest (42 kali) kang dadi rekor paling suwé sajeroning sujarah bal-balan Inggris.Nalika taun 2005-2006, Arsenal kasil nggayuh bebungah manèh ing Liga Éropah, yaiku dadi finalis Liga Champions nanging dikalahaké déning FC Barcelona 2-1 ing Stade de France, Paris.

Stadion besut

Wiwit ngadeg, Arsenal bola bali pindhah stadion. Wiwit saka lapangan ing Woolwich, terus pindhah menyang London Lor lan yasa Stadion Highbury, kang dianggo pisanan ing taun 1913. Mulai sasi Juli 2006, klub iki ngenggoni markas anyaré ing Stadion Emirates kang duwé kapasitas 60.500 kursi lan dumunung ing Ashburton Grove sawisé udakara 93 taun manggon ing Stadion Highbury. Peresmian nggunakaké Stadion Emirates kanthi nganakaké tetandhingan persahabatan kanggo perpisahan David Bergkamp, sawijining mantan juru main penyerang Arsenal.

Patrick Viera ngangkat tropi Liga Inggris 2003/2004.
Arsenal's players and fans celebrate their 2004 League title win with an open-top bus parade

Skuat besut

Tim utama besut

Per 23 Mèi 2018.[1]

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.

No.Pos.Jeneng
1 GKPetr Cech
3 DFMartin Debuchy
4 DFPer Mertesacker
6 DFLaurent Koscielny
7 MFTomáš Rosický
8 MFMikel Arteta (wakil kapten)
9 FWAlexis Sanchez
10 MFJack Wilshere (kapten ke-4)
12 FWOlivier Giroud
14 FWTheo Walcott
No.Pos.Jeneng
15 FWAlex Oxlade-Chamberlain
16 MFAaron Ramsey
17 DFNacho Monreal
19 MFSanti Cazorla
20 DFIgnasi Miquel
21 GKŁukasz Fabiański
22 FWYaya Sanogo
23 MFThomas Eisfeld
25 DFCarl Jenkinson
27 FWGervinho
28 DFKieran Gibbs
33 MFFrancis Coquelin

Pemain tim utama yang dipinjamkan besut

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.

No.Pos.Jeneng
11 DFAndré Santos (di Grêmio sampai akir mangsa 2012–13)[2]
20 DFJohan Djourou (di Hannover 96 sampai akir mangsa 2012–13)[3]
26 MFEmmanuel Frimpong (di Fulham sampai akir mangsa 2012–13)[4]
29 FWMarouane Chamakh (di West Ham United sampai akir mangsa 2012–13)[5]
30 FWPark Chu-Young (di Celta Vigo sampai akir mangsa 2012–13)[6]
No.Pos.Jeneng
31 MFRyo Miyaichi (di Wigan Athletic sampai akir mangsa 2012-13)[7]
52 FWNicklas Bendtner (di Juventus sampai akir mangsa 2012–13)[8]
MFDenílson (di São Paulo sampai akir mangsa 2012–13)[9]
FWJoel Campbell (di Real Betis sampai akir mangsa 2012–13)[10]

Cadangan besut

Per 20 May 2013..[11][12]

Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.

No.Pos.Jeneng
39 FWZak Ansah
40 DFHector Bellerin
41 DFSamir Bihmoutine
42 DFDaniel Boateng
43 GKReice Charles-Cook
45 MFKyle Ebecilio
47 MFSerge Gnabry
48 DFSead Hajrović
49 DFIsaac Hayden
50 MFConor Henderson
51 FWBenik Afobe
53 MFJernade Meade
No.Pos.Jeneng
54 DFIgnasi Miquel
55 DFElton Monteiro
56 FWNigel Neita
58 MFJosh Rees
60 GKJames Shea
62 FWSanchez Watt
63 MFJordan Wynter
64 MFNico Yennaris
65 MFJack Jebb
66 FWAustin Lipman
67 FWChuba Akpom
71 DFBrandon Ormonde-Ottewill

Pamasok Kostum dan Sponsor besut

TahunPemasok kostumSponsor
1930an–1970BuktaTidak ada
1971–1980Umbro
1981–1986JVC
1986–1994Adidas
1994–1999Nike
1999–2002Dreamcast/Sega[13]
2002–2006O2
2006–Emirates

Prestasi besut

  • Liga Inggris: 13
    • 1931, 1933, 1934, 1935, 1938, 1948, 1953, 1971, 1989, 1991, 1998, 2002, 2004
  • Piala FA: 10
    • 1930, 1936, 1950, 1971, 1979, 1993, 1998, 2002, 2003, 2005
  • Piala Liga Inggris: 2
    • 1987, 1993, dadi finalis taun 1968, 1969, 1988, 2007
  • FA Charity Shield/Community Shield:11
    • 1930, 1931, 1933, 1934, 1938, 1948, 1953, 1991 (juara bersama karo Tottenham), 1998, 1999, 2002, 2004
  • Piala Winners: 1
    • 1994, ping pindho dadi finalis, taun 1980 lan 1995
  • Piala UEFA: 1
    • 1971 (wektu iku jenengé isih Fairs Cup, berubah jeneng dadi Piala UEFA wiwit taun 1972), sapisan dadi finalis ing taun 2000
  • Liga Champions: 0
    • Dados finalis ing taun 2006

Deleng uga besut

Pranala njaba besut

Anggota G-14

Ajax | Arsenal | FC Barcelona | Bayer Leverkusen | Bayern Munich

Borussia Dortmund | PSV Eindhoven | Internazionale | Juventus

Liverpool | Manchester United | AC Milan | Lyon | Marseille

Paris Saint-Germain | FC Porto | Real Madrid | Valencia

  1. "Players". Arsenal F.C. Dibukak ing 22 Mèi 2013.
  2. "Santos completes loan move to Gremio | News Archive | News". Arsenal.com. Dibukak ing 11 Fèbruari 2013.
  3. "Djourou agrees loan move to Hannover 96". Arsenal.com. 5 Januari 2013. Dibukak ing 5 Januari 2013.
  4. "Frimpong Joins Fulham". Arsenal.com. 25 Januari 2013. Dibukak ing 25 Januari 2013.
  5. "Marouane Chamakh loaned to West Ham". Arsenal.com. 4 Januari 2013. Dibukak ing 4 Januari 2013.
  6. "Yu Young Park joins Celta Vigo on loan". Arsenal.com. 31 Agustus 2012. Dibukak ing 31 Agustus 2012.
  7. "Ryo joins Wigan Athletic on Season-long loan". Arsenal.com. 13 Agustus 2012. Dibukak ing 13 Agustus 2012.
  8. "Nicklas Bendtner loaned to Juventus". Arsenal.com. 31 Agustus 2012. Dibukak ing 31 Agustus 2012.
  9. "Denilson extends loan spell at Sao Paulo". Arsenal.com. 6 Juli 2012. Dibukak ing 6 Juli 2012.
  10. "Arsenal youngster Joel Campbell joins Real Betis on loan". 6 Juli 2012.
  11. "Reserve Players". Arsenal F.C. Dibukak ing 13 August 2009.
  12. "Arsenal FC". UEFA. Dibukak ing 22 Mèi 2013.
  13. Dreamcast digunakan di kostum pertama dan katiga sawetara Sega dicetak di kostum kedua.