Petr Čech

(Kaelih saka Petr Cech)

Petr Čech yaiku juru main bal kang main ing posisi kiper.[2] Petr Čech lair ning Plzeň, Cekoslovakia pas tanggal 20 Mèi 1982.[3] Dhuwuré kira-kira 196 cm.[4] celukane kang liya yaiku Cechino atau Big Pete.[3] Dhèwèké turut ngréwangi Chelsea FC ngintokaké 2 gelar juwara Liga Utama Inggris 2005 lan 2006, karo Piala Carling ning taun 2005.[3] Dhèwèké uga dadi kiper utama ning timnas Républik Ceko.[3] Petr Cech wiwit karir ana ing Chelsea saka kepelatihane Jose Mourinho.[5] Petr Cech dituku saka klub Liga Perancis ning taun 2004 regané kira-kira 6 yuta Pounds, pisanané Petr Cech namung dadi kiper cadangan Carlo Cudicini namung soyo saya suwé dhèwèké bisa nyisihaké posisiné Carlo Cudicini saka ngisor mistar utama The Bluess.[3] Ning tanggal 5 Maret 2005, Čech bisa nyiptakaké rékor anyar ning Premiership yaiku 1.025 menit ora kebobolan.[3] Nanging cathetan iku bisa dikalahaké kiper Manchester United, Edwin van der Sar.[3] Petr Cech tau ngalami kaanan parah yaiku balung cumplung kropok pas tabrakan karo Stephen Hunt, wektu Chelsea tanding karo klub Reading.[3] Ing 14 oktober 2006, kedadèyan iku nggawé dhèwèké nganggo helm pelindung wektu chelsea tanding ning lapangan.[3] Kadadèyan iku arep nggawé dhèwèké kélangan nyawa ninggaalké trauma abot marang dhèwèké.[3] Petr Cech duwé bojo kang kewarganagaraane Ceko uga yaiku Martina Čechová, saka nikahé karo Martina Čechová duwé loro anak yaiku Adela dan Damian.[3]

Petr Čech
Čech training with Chelsea
Katerangan priangga
Jeneng dawaPetr Čech[1]
Dhuwur1,96 mèter
Posisi mainPanjaga gawang
Katerangan klub
Tim saiki
Chelsea
Angka1
Karir nom
1989–1999Viktoria Plzeň
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
1999–2001Chmel Blšany27(0)
2001–2002Sparta Prague27(0)
2002–2004Rennes70(0)
2004–Chelsea256(0)
Tim nasional
2001–2002Timnas Céko U2115(0)
2002–Céko93(0)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 17:21, 16 May 2012 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 21:45, 16 June 2012 (UTC)

Petr Cech Dadi Pemain Paling Apik Ning Chelsea FC taun 2010-2011 besut

Petr Cech nggabung karo Chelsea saka taun 2004 saka Rannes, saka iku Chelsea saingan karo tim-tim papan ndhuwur Liga Inggris kanggo ngrebut tatah juara.[6] Ora akèh kiper kang bisa ngintokke penghargaan kaya Petr Cech ning Chelsea FC mligi.[2]

Prestasi besut

Chelsea besut

Internasional besut

  • Kajuaraan Bal-balan UEFA U21: 2002

Individual besut

  • Panjaga Gawang Paling Apik Ligue 1: 2003–04
  • PFA Team of the Year: 2005
  • Penjaga Gawang Paling Apik ing Donya versi IFFHS: 2005, 2011
  • Barclays Golden Glove: 2004–05, 2009–10
  • FA Premier League Player of the Month: March 2007
  • Pemain Bal-balan Républik Ceko Paling Apik: 2005, 2008, 2009, 2010
  • Golden Ball (Czech): 2005, 2006, 2007, 2008,[7] 2010.
  • Penjaga Gawang Terbaik UEFA: 2005, 2007
  • UEFA Club Football Awards Best Goalkeeper:2003, 2005, 2007, 2008
  • ESM Team of the Year: 2004–05, 2005–06, 2006–07, 2007–08
  • World Football Challenge: 2009
  • Chelsea Player of the Year: 2010-2011
  • Chelsea Special Achievement Award: 2006-07 (Diwenehake amarga kasil mari saka lara ing sirah sajeroning ngadepi (lawan) Reading Oktober 2006)

Pranala njaba besut

Cathetan suku besut

  1. Hugman, Barry J., èd. (2005). The PFA Premier & Football League Players' Records 1946–2005. Queen Anne Press. kc. 113. ISBN 1-85291-665-6.
  2. a b www.transfermarkt.co.uk (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  3. a b c d e f g h i j k www.bola.net (diakses tanggal 8 Mèi cbvhh2011)
  4. www.bestsportspicture.com Archived 2011-04-27 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 8 Mèi cbvhh2011)
  5. www.cfcnet.co.uk (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  6. www.metrotvnews.com[pranala mati permanèn] (diakses tanggal 8 Mèi cbvhh2011)
  7. "Čech voted Czech player of the year", uefa.com, 2 Maret 2010.