Wangsa Joseon

Krajan Korea kang kuwasa ing taun 1392-1897

Wangsa Joseon, Chosŏn, Chosun, Choseon (Juli 1392Agustus 1910), yaiku nagara berdaulat kang diyasa déning Yi Seong-gye kang saiki ditepungi minangka Koréa.[1] Wangsa Joseon ngadeg sasuwéné 5 abad luwih.[1] Joseon diyasa sawisé lèngsèré Wangsa Goryeo kang ibukuthané ana ing Gaeseong lan banjur pindhah menyang Hanyang.[1] Wewengkon Wangsa Joseon diambakaké nganti wates Kali Yalu lan Duman ana ing sisih lor sawisé suksès nelukaké bangsa Jurchen.[1] Joseon yaiku wangsa Konfusius kang paling suwé nyekel papréntahan ing donya.[1] Sawisé pandhéklarasian Kakaisaran Koréa taun 1894, mangsa kakuwasan wangsa iki rampung nalika diwiwitiné panjajahan Jepang taun 1910.[1]

Karajan Joseon
대조선국 (大朝鮮國)
조선왕조 (朝鮮王朝)
1392–1897
Flag
Gendera Sasuwene 1856 (ndhuwur)
Taegukgi (sawisé 1883)(ngisor)
Lambang ing abad kaping 19
Lambang ing abad kaping 19
Pernahé Joseon
Téritori Joseon sawisé panelukan Jurchen déning Raja Sejong
Kutha krajanHanseong
BasaKoréa
AgamaNeo-Konfusianisme
PamaréntahanMonarki
Wang
 • 1392 - 1398Taejo (pisanan)
 • 1863 - 1897Gojong (pungkasan)1
Yeong-uijeong
 • 1431 - 1449Hwang Hui
 • 1466 - 1472Han Myeonghoe
 • 1592 - 1598Ryu Seongryong
 • 1894Kim Hongjip
Jaman sajarahKarajan
 • Pambrontakan 138820 Mèi 1388
 • Panobatan Taejo1392 1392
 • Pengumuman pangriptan Hangul9 Oktober 1446
 • Perang Pitung Taun1592 - 1598
 • Invasi Manchu1636 - 1637
 • Prajanjian Ganghwa27 Fèbruari 1876
 • Owah-wahan dadi kakaisaran12 Oktober 1897 1897
Sadurungé
Sawisé
Goryeo
Kakaisaran Koréa
1Dadi Kakaisaran Koréa taun 1897

Yi Seong-gye wong kang ngedagaké wangsa iki lan dhèwèke diangkat dadi Raja Taejo.[1] Dhèwèké iku anggota klan Yi saka Jeonju kang nglakokaké kudheta marang Raja Woo saka Goryeo.[1] Yi Seong-gye misuwur dadi ahli militèr kang lantip ana ing perang marang bajak laut Jepang kang ngganggu perairan Koréa.[1] Dhèwèké mindhahaké kutha krajan saka Gaegyeong (saiki Gaeseong) menyang Hanseong lan ngedegaké kedhaton Gyeongbok taun 1394.[1]

Suksèsi kanthi patrilineal saka Raja Taejo ora tau pedhot nganti tekan jaman modhèren.[1] Panguwasa pungkasan, Sunjong, utawa Kaisar Yungheui kang didhunaké kanthi peksa déning militèr Jepang saka kepala nagara nalika taun 1910.[2] Panerus garis keturunan raja saka Wangsa Joseon saiki yaiku keturunan saka Yeongchinwang (Putra Makutha Uimin) lan Uichinwang (Pangéran Uihwa) adhiné Sunjong.[2]

Cathetan sikil besut

  1. a b c d e f g h i j k "idn.mofat.go.kr". Diarsip saka sing asli ing 2011-05-31. Dibukak ing 2011-09-05.
  2. a b "wisata.kompasiana.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-05-13. Dibukak ing 2011-09-05.