Kirsten Dunst

Kirsten Caroline Dunst kondhang uga karo jeneng Kirsten Dunst (lair 30 April 1982; umur 42 taun) ya iku aktris filem Amérika kang duwé katurunan saka Jerman lan Swèdhen, jeneng undhangané Kiki, dhuwuré 170 cm,Awit umur telung taunan, dhèwèké wis sok ning ngarepé kodhak.[1]Mula ora heran ning umur kang esih enom dhèwèké wis dadi model iklan ning stasiun televisi,lan dadi model saka Ford Models lan Elite Model Management.[1]Film pisanan kang dilakoni déning Kirsten ya iku filem kang judhulé OEDIPUS WRECKS kang diputer ning taun 1989.[1]Film cekak mau dadi péranganing antologi NEW YORK STORIES iku kasil saka arahan déning Sutradara Woody Allen.[1]Jenengé wiwit kondhang nalika dhèwèké mèlu ddai juru main pandukung ning salahsijining filem kang judhulé INTERVIEW WITH THE VAMPIRE nalika taun 1994.[1]Sataun sawisé iku, dhèwèké kapilih ddai bintang kang meranaké tokoh ning filem JUMANJI bebarengan karo aktor Robin Williamslan main ning filem 50 Most Beautiful People versi majalah People ning taun kang padha.[1]Nanging, meski wis akèh filem-filem kang dibintangi dhèwèké.[1]Dhèwèké kondhang amarga meranaké Mary Jane Watson ning sekuel filem SPIDER-MAN.[1]Sawisé mbintangi filem-filem SPIDER-MAN season sak terusé, nganti telung sekuel, Kirstendikabaraké bakal ngakiri perané dadi Mary Jane Watson,lan bintangi filemé kang anyar ya iku HOW TO LOSE FRIENDS AND ALIENATE PEOPLE.[1]

Kirsten Dunst

Dunst nalika main ning filem Marie Antoinette nalika taun 2006.
Asma wiyosanKirsten Caroline Dunst
Miyos (1982-04-30) April 30, 1982 (umur 42)
Point Pleasant, New Jersey, Amérikah Sarékat
Taun aktif1989

Ning kauripan pribadinéMeski Sukses ning karir, Dunst tergolong ora patiya sukses babagan percintaan.[1]Dunst ora tau suwé anggoné pacaran karo siji priya.Dunst tau dikabaraké kalibat gayutan asmara karo Jake Gyllenhaal lan musisi Johnny Borrell.[1]Dhèwèké uga tau diisukaké duwégayutan istimewa karo lawan mainé ing filem SPIDERMAN, Toby McGuire.[1]Uga tau digosipaké karo Jeff Smeenge, penulis skenario.[1]

Taun 2010, Dunst bali manèh anggawe gebrakkan ning dunya filem, dhèwèké mbintangi sawijining filem arahan Lars von Trierbertajuk MELANCHOLIA.[1]Ning taun 2010, filem kang anggawe dhèwèké kondhang, filem Spiderman.[2]Ning sekuel kang kaping papaté, filem mau ora disutradarani San Raimi, Kirsten lan Tobey kang dadi Peter Parker ning filem mau uga ora bakal ana.[2]Kirsten nyatakaké manawa, sarampungé mbintangi filem SPIDERMAN kang kaping teluné dhèwèké bakal ninggal filem mau.[2]

FILMOGRAPHY

besut

FILM

besut

Film-filem kang tau dibintangi Kirsten Dunst[1]:

TaunFilmPeranCathetan
1989New York StoriesLisa's daughter
1990The Bonfire of the VanitiesCampbell McCoy
1993Star Trek:The Next GenerationHedrilEpisode: Dark Page
1994Little WomenYounger Amy March
Interview with the VampireClaudiaNominasi Golden Globe Awards - Best Supporting Actress
GreedyJolene
High StrungYoung GirlFilm Independent
1995JumanjiJudy Shepard

Casper(1995)

1996Mother NightYoung Resi Noth
1997Wag the DogTracy Lime
AnastasiaYoung AnastasiaPangisi Suwara
Tower of TerrorAnna Petterson
True HeartBonnie
Kiki's Delivery ServiceKikiPangisi Suwara
1998Fifteen and PregnantTina SpanglerTelevisi
The Hairy BirdVerena von Stefan
Small SoldiersChristy Fimple
1999DickBetsy Jobs
Drop Dead GorgeousAmber Atkins
The Virgin SuicidesLux Lisbon
The Devil's ArithmeticHannah SternTelevisi
2000DeeplySilly
Bring It OnTorrance Shipman
LuckytownLidda Doyles
The Crow: SalvationErin Randall
All ForgottenZinaida
2001The Cat's MeowMarion Davies
Crazy/BeautifulNicole Oakley
Get Over ItKelly Woods/Helena
2002Spider-ManMary Jane Watson
2003Mona Lisa SmileBetty Warren
Kaena: The ProphecyKaenaPengisi Suara
LevitySofia Mellinger
2004WimbledonLizzie Bradbury
Spider-Man 2Mary Jane Watson
Eternal Sunshine of the Spotless MindMary Svevo
2005ElizabethtownClaire Colburn
2006Marie AntoinetteMarie Antoinette
2007Spider-Man 3Mary Jane WatsonNational Movie Awards U.K. - Nominasi Best Actress
2008How to Lose Friends and Alienate PeopleAlison OlsenSedang Diproduksi
2009Sweet ReliefMarla Ruzicka

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o Kirsten Dunst dipununduh tanggal 20 Juni 2011
  2. a b c berita Kirsten Dunst dipununduh tanggal 20 Juni 2011