Danny Welbeck

Daniel Nii Tackie Mensah Welbeck (lair 26 Novèmber 1990) inggih punika salah satunggaling juru main bal-balan profèsional saking Inggris ingkang samenika main ing Liga Primèr Inggris klub Arsenal lan Tim Nasional Bal-balan Inggris.[4] Piyambakipun main ing posisi striker lan utawi sayap kering.[4]

Danny Welbeck
Welbeck wekdal main ing Timnas Inggris ing UEFA Euro 2012
Katerangan priangga
Jeneng dawaDaniel Nii Tackie Mensah Welbeck[1]
Tanggal lair (1990-11-26) 26 Novèmber 1990 (umur 33)[2]
Papan lairLongsight, Manchester, Inggris
Dhuwur6 ft 1 in (1.85 m)[3]
Posisi mainForward
Katerangan klub
Tim saiki
Arsenal
Angka23
Karir nom
2001–2008Manchester United
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2008–2014Manchester United92(20)
2010Preston North End (dipunampil)8(2)
2010–2011Sunderland (dipunampil)26(6)
2014–Arsenal67(13)
Tim nasional
2006–2007Inggris U1711(2)
2007–2008Inggris U182(2)
2008–2009Inggris U198(2)
2009–2011Inggris U2114(5)
2011–Inggris36(15)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 16:53, 4 January 2018 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 16:53, 4 January 2018 (UTC)

Welbeck gabung kaliyan Akadhemi Manchester United wekdal umur wolung taun. Piyambakipun miwiti dhebut kanggé klub Manchester United U-18 tanggal 8 April 2006 ing pertandhingan mengsah Sunderland.[5]Mangsa salajengipun, Welbeck kasil nyithak sangang gol ing 28 pertandhingan Manchester United U-18, kalebet satunggal gol saking wolung pertandhingan ing FA Youth Cup, wonten pertandhingan punika Welbeck gadhah pambiyantu inggang mirunggan kanggé tim saéngga saged mlebet final, sanajan umuripun taksih enèm. Sanajan piyambakipun gadhah penyakit pneumonia, nanging mboten ngirangi semangatipun kanggé karir ing bal-balan.[5]

Welbeck napakasmani kontrak pelatihan ingkang kapisan ing wulan Juli 2007 lan miwiti mangsa 2007-08 kaliyan tim U-18.[5] Salajengipun, ing wulan Januari 2008, piyambakipun dipuntimbali kanggé ngiyataken tim inti kanggé ngadhepi pertandhingan mengsah Al-Hilal FC ing Arab Saudi.[5] Welbeck miwiti dhebut ing tim inti Manchester United nalika tanggal 23 Sèptèmber 2008 wonten ing pertandhingan Piala Liga Inggris Puteran Kaping tiga mengsah Middlesbrough FC.[5]

Pranala njawi besut

Rujukan besut

  1. Hugman, Barry J., èd. (2010). The PFA Footballers' Who's Who 2010–11. Edinburgh: Mainstream Publishing. kc. 431. ISBN 978-1-84596-601-0.
  2. "D. Welbeck". Soccerway. Perform Group. Dibukak ing 18 January 2018.
  3. "Danny Welbeck". 11v11.com. AFS Enterprises. Dibukak ing 18 January 2018.
  4. a b title=Danny Welbeck(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)
  5. a b c d e Danny Welbeck title=Alberto Moreno(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)
🔥 Top keywords: