Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 73.492 artikel
Drumblèk ya iku drumbèn tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga. Drumblèk dadi salah sawijining kagunan gubahan kang ana ing tataran bebrayan, mliginé kanggo bebrayan ing Kutha Salatiga tumeka saiki. Jinis musik iki pancèn ora mlebu golongan musik kang lumrah jalaran pirantiné kajupuk saka barang-barang tilas. Nanging, lumantar owah-owahan barang-barang kasebut didadèkaké piranti musik kang aèng kaya salumrahé. Kagunan drumblèk luwih difokuské kanggo musik kang ditabuh ing jaban, kaya ta ing lapangan, sadawaning dalan, lan dilakokaké kaya déné drumbèn. Tembang-tembang kang ditembangaké déning drumblèk uga kapétung akèh wernané, ya iku saka tembang-tembang dolanan, tradhisional, nganti tembang pop kang wis ginubah manut piranti musik drumblèk. Kagunan iki diwiwiti déning Didik Subiantoro Masruri amarga wragad kang mèpèt kanggo tuku piranti drumbèn nalika Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun Lor, Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga arep mèlu ngramèkaké fèstival Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia ing taun 1986. (Waca candhaké)
Aja Nyuplik Saka Wikipédia! (2020) iku buku babaran Wikimédia Indonésia kang ngrembug babagan olèh orané nyuplik informasi saka Wikipédia, carané nulis ing Wikipédia, lan ngrembakakaké Wikipédia. Buku lelahanan iki bisa diwaca vèrsi digitalé ing Wikisumber utawa PDF-é ing Wikimédia Commons.
Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 62.693 akun lan 73.492 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
- 1215 - Raja Inggris, John, ngesahaken piagam Magna Carta wonten ing Runnymede.
- 1844 - Charles Goodyear nampi hak patèn saking panemonipunwonten ing prosès ngiataken karèt.
- 1944 - Perang Donya II: Prayudhan Saipan: Amerika Serikat milai invasi dumateng Saipan.
- 1994 - Israel lan Vatikan rumaket ing sesambungan diplomatik.
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaPallywoodPerang Donya IISurat Adh DhuhaMirunggan:GolèkFacebookSepongPitulung:IsiMirunggan:Owahan anyarArané pérangan awakHangeulSinarmas GroupSurat Al Jumu’ahBasa BimaWikipédia:Sélakan umumWikipédia:AngkringanSamarth KaimliyaSurat Al 'AlaqGapura:PaguyubanSurat Al QadrNaraguna:FazilyWikipédiaWikipédia:Wara-waraIndhonésiaAtalarik SyahWikipédia:BabWikipédia:SesambunganBasa JawaNathan Tjoe-A-OnWikipédia:Sugeng rawuhWikipédia:Angkringan WartaWikiGamelanAlina KukushkinaDhomain publikAmateur Night (filem)PlagiatSurat As SajdahInternational Standard Serial Number