Salad woh
Salad woh sing kawentar kanti jeneng salad buah ya iku panganan sing adhedhasar woh-wohan sing dicampur karo duduh cuwèr. Nyamikan iki luwih nyehataké amarga ngandhut woh-wohan sing dadi sumber vitamin ing awak. Mliginé wong sing lagi diet ngganti pola mangané. Racaké bakul salad woh njajakaké dagangané ing mangko plastik cilik.
![]() Salad woh werna-warni | |
Ajangan | Panutup |
---|---|
Hawa ajangan | Anyep |
Woworan pokok | Woh, Yogurt, Susu |
Variasi | Isèn-isèn lan duduh |
Katerangan liyané | Jajanan |
![]() ![]() |
Cara nggawé
besutPiranti sing dicepakaké
besutWoh-wohan
besutWoh-wohan sing dieanggo bisa miturut kasenengan kaya déné:
- Apèl 2 woh
- Bengkowang 2 woh
- Strobèri 5 wiji
- Anggur 7 wiji
- Melon ¼ woh
- Semangka ¼ woh
- Kiwi 1 wiji
- Woh naga 1 wiji
- Jeruk 1 oncèk wiji
- Pir 1 wiji
- Katès ½ wiji
- Pelem 1 wiji
- Ager-ager rasa apa waé
- Nata de coco 1 wadhah
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/57/Fruit_salad_%282%29.jpg/220px-Fruit_salad_%282%29.jpg)
Duduh cuwèr
besut- Susu kenthel legi 10 sèndhok pangan
- Yogurt 10 sèndhok pangan
- Mayonès 7 sèndhok pangan
- Sirup miturut kasenengan
- Kèju parut 7 sendhok pangan
Cara ngolah
besut- Capuraké susu, mayonès lan yogurt lan udhak nganti rata.
- Rajang woh-wohan lan ager-ager dadi kothak cilik-cilik.
- Delehaké woh, nata de coco lan ager-ager ing wadhah wadhah.
- Suntak duduh cuwèr lan udhak-udhak nganti rata.
- Kepyuri kèju parut lan salad woh bisa dipangan.
Pranala njaba
besut🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaPitulungPallywoodMahasiswaWikipédiat4yfpMirunggan:Golèktu4kjNaraguna:Altair Netraphim/bak wedhi3Perang Donya IIWikipédia:Sélakan umumSepongSurat Adh DhuhaPitulung:IsiMirunggan:Owahan anyarSinarmas GroupSurat Al QadrPanggulawenthahGapuraAksara CarakanWikipédia:SesambunganSurat As SajdahWikipédia:BabGapura:PaguyubanMinal 'Aidin wal-FaizinFacebookSekseWikipédia basa JawaCumbanaWikipédia:Pronunciation respelling keyꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀NgrokokJavaScriptWikipédia:Sugeng rawuhRéboisasiCumbana payudaraKategori:215WisnuNaraguna:Bebasnama