Masha and the Bear

acara tivi animasi saka Ruslan

Masha lan Bruwang (Basa Ruslan: Маша и медведь, Basa Inggris: Masha and the Bear, Basa Indonesia: Masha dan Beruang) yaiku seri animasi kang diprodhuksi déning nagara Ruslan. Film iki ceritané saka dongèng kanthi irah-irahan Маша и Медведь utawa Masha and the Bear. Serial iki digawé dening Oleg Kuzovkov ing taun 2009 kanthi tanggal rilis 7 Januari. Sing produksi lan didistribusiaké ya iku Animacord Animation Studios. Masha digambarké minangka sawijining bocah wadon kang aktif, grapyak, semanak, sumèh, lan angèl kandanané. Dhèwèké manggon ana ing tengah alas karo kéwan kang dadi tetanggané ya iku babi, asu, wedhus, kang kerep diajak dolanan nanging padha ora gelem amarga wedi karo Masha. Nalika yén Masha metu saka ngomah, kéwan-kewané padha delik ing kandhangé dhéwé-dhéwé. Mishka, jeneng aran bruwang sing dadi kancané Masha iku minangka bruwang kang sabar, lan asih banget karo Masha. Nanging Masha iku bocah kang nakal lan seneng gawé atine Mishka si Bruwang mangkel.

Masha lan Bruwang
GenreSeri Televisi, Animasi, Komedi.
Digawé déningOleg Kuzovkov
Dikembangaké déningAnimaccord Animation Studios
ProduserOleg Kuzovkov
Oleg Uzhinov
Denis Chervyatsov
Marina Nefodova
Olga Baulina
Roman Kozich
Vasily Bogatyrev
Georgiy Orlov
Vladislav Baryamgulov
Natalia Malgina
Andrey Belyaev
Ilya Trusov
Pangisi swaraAlina Kukushkina (Masha eps 1-52)
Varvara Sarantseva (Masha eps 53-78)
Yulia Zunikova (Masha eps 79-saiki)
Vasily Bogatyrev (Bruwang eps 1-52)
Boris Kutnevich & Irina Kukushkina (Bruwang eps 53-saiki)
Alina Kukushkina (Dasha eps 52-saiki)
Eduard Nazarov (Santa claus eps 3)
Mark Kutnevich (Panda & Truwelu eps 1-saiki)
Musik déningVasily Bogatyrev
Lagu pambukaMasha ngguyu
Negara asalRuslan
Basa asliRuslan
Inggris
Indonesia
Portugal
Walanda
Ukraina
Arab
lan liya-liyane
Gunggung mangsa5
Gunggung episode88 (dhaptar episode)
Prodhuksi
ProdhuserAndrey Dobrunov
Oleg Kuzovkov
Dmitrij Lovejko
Marina Natrina
Maria Demina
Sergey Martynov
Suwéné acara7-8 Menit
ProdhuksiAnimaccord Animation Studio
DistributorAnimaccord Animation Studio
Pambabaran
Lakuné acara2009; 15 taun kapungkur (2009)
21 Oktober 2017; 6 taun kapungkur (2017-10-21) (Dongeng Masha)
15 Fèbruari 2018; 6 taun kapungkur (2018-02-15) (Crita Seram Masya) –
saiki
Pranala jaba
Website

Paraga

besut
  • Masha: Bocah wadon kang lucu, konyol. Omahé ana ing setatsiyun sepur saka Alaska tekan Moscow (utawa moskva) kang cedhak ing omahé bruwang. Masha bocah kang lugu lan lucu. Masha asih banget marang Mishka. Masha uga seneng gawe ribut kewan liya.
  • Mishka: Bruwang werna soklat kang duwé awak gedhé kuwi pinter pamain sirkus lan milih urip tentrem ing alas nanging uripé ora bisa tentrem nalika Masha teka ning uripé Mishka. Pagawéané saiki ngopeni kebon wortel, woh-wohan, lan jejanganan.
  • Kewan liyane: truwèlu, srenggala, bajing, landhak lan sapanunggalané. Sing truwèlu senengané nyolongi wortelé bruwang, sing srenggala senengané ngincer isi kulkasé bruwang, nanging yen bruwang lara srenggala iso ngobati bruwang.
  • Dishka: Minangka bruwang wadon kang dadi cem-cemané Mishka. Racaké senengané gawa payung utawa keranjang kanggo opèk woh-wohan.
  • Dasha: Minangka seduluré Masha kang nganggo kaca mripat biru lan sayak orèn. Dasha wedi karo bruwang.
  • Panda: Minangka seduluré Masha saka Cina kang nalika dolan ing omahé Bruwang malah dibeda dening Masha.
  • Pinguin: Seduluré Masha lan anake bruwang kang omahé ing bawana Antartika.

Episode

besut
Mangsa 1 (2009-2012)
No. EpisodeJudhul
1Kepiye Dheweke Ketemu?
2Aja Tangi Nganti Musim semi!
3Siji, Loro, Telu, Cahyane Wit Natal!
4Jejak Kewan Sing Ora Dingerteni
5Prance Karo Srigala
6Dina Senggol
7Mangsa Gugur Kanggo Bruwang
8Lunga Mancing
9Tulung Telpon Aku
10Preinan Ing Es
11Dina Pertamane Sekolah
12Ora Nerak
13Ndelik Lan Nggoleki Ora Kanggo Wong Sing Ringkih
14Awas!
15Sedulur Cilik
16Enggal Mari!
17Resep Bencana
18Dina Umbah-umbah
19Piwulang Piano Grand
20Loreng Lan Kumis
21Ing Omah Dewe
22Tahan Ambeganmu!
23Pendiri
24Bon Appetit
25Hokus-Pokus!
26Dandani Omah
Mangsa 2 (2012-2015)
No. EpisodeJudhul
27Gambar Sampurna
28Nyuda Sekitar
29Siji Kenek Kenangan
30Akeh Ramuan
31Kesapu Adoh
32Kabeh Ing Kaluwarga
33La Dolce Vita
34Mung Tembak Aku

Deleng Pula

besut