Marlina si Pembunuh dalam Empat Babak

filem Indhonésia

Marlina: The Murderer in Four Acts (Marlina si Pembunuh dalam Empat Babak) ya iku filem crita Indonésia kang dirilis ing 16 Novèmber 2017. Filem iki dilakokaké déning Marsha Timothy. Filem iki bakal dibabar ing 18 nagara, kalebu Amérikah Sarékat, Kanadha, lan nagara-nagara liya ing Éropah lan Asia Kidul-Wétan.

Ringkesan

besut

Ing padang sabana Sumba, Indonésia, ana sakumpulan rampok cacah pitu menyang omahé randha jenengé Marlina (Marsha Timothy). Perampok iku ngancem nyawa, bandha lan uga pakurmatané Marlina ing ngarepé bojoné kang wis dadi mumi, lungguh ing pojok kamar.

Dina sabanjuré ing lelampahan ing panelusuran kanggo golèk kaadilan lan panebusan, Marlina nggawa sirah saka bos perampok, Markus (Egy Fedly), kang dhèwèké penggal wengi iku. Marlina banjur ketemu Novi (Dea Panendra) kang nunggu kalairan bayiné lan Franz (Yoga Pratama) kang kepéngin sirahé Markus iku bali. Markus kang ora nduwèni sirah iku uga lumaku ngetutaké Marlina.

Paraga

besut
  • Marsha Timothy minangka Marlina
  • Dea Panendra minangka Novi
  • Yoga Pratama minangka Frans
  • Egy Fedly minangka Markus

Promosi

besut

Cinefondation L'atelier, pasar proyèk kang dadi bagéan saka Cannes Film Festival milih Marlina The Murderer in Four Acts, proyèk filem paling anyar saka direktur saka sutradhara Indonesia Mouly Surya minangka salah siji saka 15 proyèk filem saka sadonya kang golèk mitra co-production, agèn sales, lan panyebaran internasional. L'atelier ya iku bagéan penting kang ora kepisah saka festival filem kang paling bergengsi ing donya iki. Taun iki tandha kaping 60 festival kang dianakaké ing Perancis bagéan kidu iki. Mouly Surya dadi salah sijiné sutradhara kang kepilih saka Asia Kidul-wétan iki.

Crita Marlina The Murderer in Fpur Acts iki ditulis déning Mouly Surya lan Rama Adi nganggo idé crita saka Garin Nugroho. Filem iki diprodhuksi déning Rama Adi lan Fauzan Zidni. Omah prodhuksi Cinesurya Pictures kerja bareng karo Kaninga Pictures ing proyèk iki nganggo visi kang padha kanggo ngasilaké filem Indonesia kang nduwèni kuaitas. Proyèk Marlina The Murderer in Four Acts sadurungé klebu sèlèksi Aian Project Market (APM) ing Busan International Film Festival 2015 uga kepilih dadi salah sijiné saka kang nerima Next Masters Support Program saka ajang Talents Tokyo 2015.

Marlina The Murderer in Four Acts ya iku filem Indonesia kang pisanan olèh subsidi saka loro kementerian Luar Negeri lan Kementrian Kebudayaan lan Pendidikan Perancis lewat Cinemas du Monde lan Pusat sinema CNC, Institut Francais.[1]

Festival Filem Internasional

besut

Sadurungé disetel ing Indonesia, Marlina The Murderer in Four Acts  ditampilaké ing macem-macem festival filem internasional. Film iki diputer pisanan ing Directors Fortnight Festival Film Cannes 2017[2]. Kajaba iku, Marlina The Murderer in Four Acts uga klebu ing seleksi New Zealand International Film Festival lan Melbourne Film Festival uga Toronto International Film Festival

Pagiyaran

besut
Dhaptar tanggal rilis lan distributor ing sawatara negara
NagaraJudhul lokalTanggal kababarKlasifikasi saka umurRef
 IndhonésiaMarlina si Pembunuh dalam Empat Babak16 Novèmber 201717+[3]
 MalaysiaMarlina Si Pembunuh Dalam Empat Babak8 Maret 201818
 SingapuraMarlina: The Murderer in Four ActsM18

Penghargaan

besut
PenghargaanTanggalKategoriPanampa/NominasiAsilRef.
Festival Film Sitges14 Oktober 2017Aktris TerbaikMarsha TimothyMenang[4]
AFI Fest17 Nopember 2017World CinemaMarlina Si Pembunuh dalam Empat BabakNominasi[5]
Penghargaan Layar Asia Pasifik23 Nopember 2017Achievement in DirectingMouly SuryaNominasi[6]
Tokyo FILMeX25 Nopember 2017Grand PrizeMarlina Si Pembunuh dalam Empat BabakMenang[7]
Penghargaan Maya16 Desember 2017Best Cinema FilmMarlina Si Pembunuh dalam Empat BabakMenang[8]
Best CinematographyYunus PasolangMenang
Best Art DirectionFrans PaatMenang
Best Film ScoreZeke Khaseli, Yudhi ArfaniMenang
Best Actress Dragon AwardMarsha TimothyMenang
Festival Film Göteborg4 Februari 2018Dragon Award Best International FilmMarlina Si Pembunuh dalam Empat BabakNominasi[9]
Asian Film Awards17 Maret, 2018Best ActressMarsha TimothyNominasi[10]
Sinematografi Terbaik
Yunus PasolangNominasi
Rancangan Produksi TerbaikFrans PaatNominasi
Suara TerbaikKhikmawan SantosaNominasi
Festival Film Indonesia9 Desember 2018
Film Cerita Panjang TerbaikMarlina si Pembunuh dalam Empat BabakMenang[11][12]
Sutradara TerbaikMouly SuryaMenang
Pemeran Utama Wanita TerbaikMarsha TimothyMenang
Peran Pendukung Wanita TerbaikDea PanendraMenang
Penulis Skenario Asli TerbaikMouly Surya dan a AdiMenang
Pengarah Sinematografi TerbaikYunus PasolangMenang
Penata Musik TerbaikZeke Khaseli lan Yudhi ArfaniMenang
Penata Suara TerbaikKhikmawan Santosa lan Yusuf A PatawariMenang
Penyunting Gambar TerbaikKelvin NugrohoMenang
Pengarah Artistik TerbaikFrans XR PaatMenang
Penata Efek Visual TerbaikDanny S. Kim lan Teguh RaharjoNominasi
Penata Busana TerbaikMeutia PudjowarsitoNominasi
Penata Rias TerbaikDidin SyamsudinNominasi
Pemeran Pendukung Pria TerbaikEgy Fedly & Yoga PratamaNominasi

Rujukan

besut
  1. ""Marlina si Pembunuh dalam Empat Babak" akan tayang di 18 negara - ANTARA News". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2017-10-01.
  2. "Film karya Mouly "Marlina" dapat pujian di Festival Film Cannes - ANTARA News". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2017-10-01.
  3. Saraswati, Dyah Paramita (25 Sèptèmber 2017). "'Marlina si Pembunuh dalam Empat Babak' Tayang di Bioskop 16 November". Detik. Dibukak ing 10 Dhésèmber 2018.
  4. "The Fantastic Fable Jupiter's Moon Wins Sitges 2017". Sitges Film Festival. 14 Oktober 2017. Dibukak ing 25 Juni 2018.
  5. Ramos, Dino-Ray (25 Oktober 2017). "AFI Fest Announces Films In World Cinema, Midnight, Youth and Family Sections". Deadline Hollywood. Penske Business Media. Dibukak ing 25 Juni 2018.
  6. "Nominations Announced for 11th Asia Pacific Screen Awards". Asia Pacific Screen Awards. 13 Oktober 2017. Dibukak ing 25 Juni 2018.
  7. Schilling, Mark (25 Novèmber 2017). "Indonesia's 'The Seen and Unseen,' 'Marlina' Share Tokyo FILMeX Grand Prize". Variety. Penske Business Media. Dibukak ing 25 Juni 2018.
  8. News Desk. "‘Marlina,’ ‘Pengabdi Setan’ dominate Piala Maya 2017", 19 Dhésèmber 2017.
  9. "Dragon Award Best International Film". Göteborg Film Festival. 4 Fèbruari 2018. Dibukak ing 25 Juni 2018.
  10. "12th Asian Film Awards – Nominees 2018". Asian Film Awards. 11 Januari 2018. Dibukak ing 25 Juni 2018.
  11. "Daftar Lengkap Peraih Piala Citra FFI 2018". 9 Dhésèmber 2018. Dibukak ing 10 Dhésèmber 2018.Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  12. Novirdani, Liza (10 Novèmber 2018). "Daftar Lengkap Nominasi Festival Film Indonesia 2018". Dibukak ing 10 Dhésèmber 2018.Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)