Mbalang jumrah iku hukumé wajib sajeroning ngayahi ngibadah kaji. Nalika ngibadah kaji mau para jemaah kaji kudu mbalang jumrah nganggo krikil kanggo mèngeti lelaku Nabi Ibrahim kang mbalangi sétan-sétan kang nggoda nalika Nabi Ibrahim arep ngèstokaké dhawuhé Allah ngurbanaké putrané Ismail.Para jemaah nglumpukaké krikil kang dianggo mbalang jumrah mau ana ing tlatah Muzdalifah. Kagiatan mbalang jumrah iki minangka kagiyatan kaping sanga sajeroning urutan kagiyatan-kagiyatan ritual kang kudu dilakoni wektu nindakaké Ibadah Kaji. Ritual mbalang jumrah iki mung dilakoni sajeroning ngibadah kaji lan ora ana sajeroning ngibadah umrah.
Amarga sipaté wajib mula jama'ah kang ora ngayahi mbalang jumrah kudu mbayar Dam (dendha) wujud nyembelèh wedhus. Yèn ora kuwawa bisa diganti mbayar fidyah utawa pasa 10 dina yaiku telung dina ing mangsa kaji ing tanah suci lan sisané dilakoni ing omah.
Nalika mbalang jumrah iki kerep kadadéan kacilakan amarga kurang luwih rong yuta jamaah kaji bebarengan lan dhesek-dhesekan ing panggonan kang padha. Mula saiki wis diyasa jalur kanggo mbalang jumrah nganti limang tingkat lan wis dipepaki sarana pengawasan kanthi èlèktronik[1]
Tabel wektu mbalang jumrah
besut
Tabel wektu mbalang jumrah (nafar Awal) |
---|
Tanggal | Kagiatan | Wektu paling wiwitan | Wektu pungkasan |
10 Dulhijah | Mbalang jumrah Aqabah kaping pitu | Soré | Tengah wengi |
11 Dulhijah | Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah | Surup | Tengah wengi |
12 Dulhijah | Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah | Surup | Tengah wengi |
Tabel wektu mbalang jumrah (nafar Sani) |
---|
Tanggal | Kagiatan | Wektu paling wiwitan | Wektu pungkasan |
10 Dulhijah | Mbalang jumrah Aqabah kaping pitu | Soré | Tengah wengi |
11 Dulhijah | Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah | Surup | Tengah wengi |
12 Dulhijah | Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah | Surup | Tengah wengi |
13 Dulhijah | Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah (Mung tumrap nafar sani) | Surup | Tengah wengii |