Ion

atom utawa molekul kang duwéni momotan setrum

Ion ya iku atom autawa sekumpulan atom kang duwé momotan listrik.[1] Ion asalé saka siji atom unsur (monoatom).[2] Uga ana ion kang asalé saka gabungan loro utawa luwih atom unsur kang béda (poliatom).[2]Ion kang momotan listriké négatif dijenengi anion.[1] Ion kang momotan listriké positif dijenengi kation.[1] Prosès kanggo pembentukan ion dikenal karo jeneng ionisasi.[1]Atom utawa kelompok atom kang terionisasi ditandai karo tikatas n+ utawa n-.[1] n ya iku jumlah elektron kang ilang utawané dientuké.[1]

Medan potensial elektrostatik saking ion Nitrat

Sajarah Ion besut

Ion pisanan ditemoké ana ing sawijining téyori déning Michaél Faraday nalika taun 1830.[3] Ion mau kanggo ngambaraké ngenani pérangan molekul kang geraké tumuju arah anoda utawa katoda ana ing tabung hampa udara (vacuum tube, CRT).[3] Nanging, mekanisme prastawa iki nembé bisa dideskripsikaké taun 1884 déning Svante August Arrhenius ana ing disertasi dhoktoré ing University of Uppsala.[3] Wiwitané téyori iki ditolak nanging sawisé iku disertasiné menangi Bebungah Nobél Kimia ana ing taun 1903.[3]

Ion Négatif lan Positif besut

Ion négatif keadaané stabil ana ing udara kanthi cara jiretan karo molekul banyu kang ana ing sekitaré.[4] Amarga saka mau, ion-ion négatif akèh ditemoké nalika udan.[4] Saben friksi utawa gésékan kang ana ing udara cenderung nghasilaké ion positif lan ngusir ion négatif.[4] Kedadéan mau amarga angin racaké nggawa debu utawa polutan.[4] Partikel debu utawa polutan iku duwé momotan positif.[4] Manawi gésékan udara cenderung ngasilaké ion positif, nanging benturan banyu iku malah ngasilaké ion négatif.[4] Nalika banyu nabrak abrak liya, ion positif iku tiba bareng banyu.[4] Sawaliké karo ion positif, ion négatif mabur bareng kabut kang metu saka deburan banyu.[4]Ion positif cenderung duwé dampak négatif kanggo keséhatan antarané:[4]

  1. Bisa ndadèkaké ketidakseimbangan kimiawi awak manungsa, bisa nganti ngganggu keséhatan.[4]
  2. Keracunan ion positif bisa ndadèkaké produksi hormon serotonin ana ing polo.[4]
  3. Bisa njalari blood dyscresia utawa gangguan kelainan pembekuan darah.[4]

Manfaaté ion négatif:Manfaat kang bisa diasilaké saka ion négatif kaya ta:[5]

  1. Ion Négatif ana ing udara bisa lumebu ana ing awak manungsa liwat pernapasan lan pori-pori kulit.[5] Ion iki lumebu ana ing sél njero awak mèlu ana ing arus aliran getih.[5] Ion Négatif ana ing awak bisa nguraiké asem laktat dadi zat kang ara bahaya (air lan ion laktat) kang gampang digawa aliran getih tumuju panggon pembuangan.[5]
  2. Saliyané iku Ion Négatif duwé kemampuan kanggo ningkatké kerja limpa kanggo nghasilké kekebalan awak.[5]
  3. Bisa mbersihké udara lan uga apik kanggo keséhatan.[5] Ion Négatif uga duwé manfaat kanggo matèni virus lan baktéri kang ana ing udara sekitaré dhéwé.[5]
  4. Ion Négatif uga migunani kanggo netralké Superoksida.
Kation Biyasa
Jeneng KimiaFormulaJeneng Liya
Kation Ringkas
AluminiumAl3+
BariumBa2+
BeriliumBe2+
SesiumCs+
KalsiumCa2+
Kromium(II)Cr2+Kromus
Kromium(III)Cr3+Kromik
Kromium(VI)Cr6+Kromil
Kobalt(II)Co2+Kobaltus
Kobalt(III)Co3+Kobaltik
Kuprum(I)Cu+Kuprus
Kuprum(II)Cu2+Kuprik
Kuprum(III)Cu3+
GaliumGa3+
HeliumHe2+(partikel-α)
HidrogenH+(Proton)
Ferum(II)Fe2+Ferus
Ferum(III)Fe3+Ferik
Plumbum(II)Pb2+Plumbus
Plumbum(IV)Pb4+Plumbik
LitiumLi+
MagnesiumMg2+
Mangan(II)Mn2+Manganus
Mangan(III)Mn3+Manganik
Mangan(IV)Mn4+Manganil
Mangan(VII)Mn7+
Merkuri(II)Hg2+Merkurik
Nikel(II)Ni2+Nikelus
Nikel(III)Ni3+Nikelik
KaliumK+
ArgentumAg+
NatriumNa+
StrontiumSr2+
Stanum(II)Sn2+Stanus
Stanum(IV)Sn4+Stanik
ZinkZn2+
Kation Poliatom
AmmoniumNH4+
HidroniumH3O+
NitroniumNO2+
UranilUO22+
Mercury(I)Hg22+Merkurus
Anion Biyasa
Jeneng KimiaFormulaJeneg Liya
Anion Ringkas
ArsenidaAs3−
AzidaN3
BromidaBr
KloridaCl
FluoridaF
HidridaH
IodidaI
NitridaN3−
OksidaO2−
FosfidaP3−
SulfidaS2−
PeroksidaO22−
Oksoanion
ArsenatAsO43−
ArsenitAsO33−
BoratBO33−
BromatBrO3
HipobromitBrO
KarbonatCO32−
Hidrogen karbonatHCO3Bikarbonat
HidroksidaOH
KloratClO3
PerkloratClO4
KloritClO2
HipokloritClO
KromatCrO42−
DikromatCr2O72−
IodatIO3
NitratNO3
NitritNO2
FosfatPO43−
Hidrogen fosfatHPO42−
Dihidrogen fosfatH2PO4
PermangonotMnO4
FosfitPO33−
SulfatSO42−
TiosulfatS2O32−
Hidrogen sulfatHSO4Bisulfat
SulfitSO32−
Hidrogen sulfitHSO3Bisulfit
Anion dari Asid Organik
AsetatC2H3O2
FormatHCO2
OksalatC2O42−
Hidrogen oksalatHC2O4Bioksalat
Anion Lain
HidrosulfidaHSBisulfida
TelluridaTe2−
AmidaNH2
SianatOCN
TiosianatSCN
SianidaCN

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f "www.e-dukasi.net". Diarsip saka sing asli ing 2011-01-02. Dibukak ing 2011-05-24.
  2. a b www.scribd.com
  3. a b c d surgaku.com
  4. a b c d e f g h i j k l "www.pusatbiofir.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-06-21. Dibukak ing 2011-05-24.
  5. a b c d e f g "japan-biofir.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-24. Dibukak ing 2011-05-24.