Wangsa Song

(Kaelih saka Dinasti Song)

Rajawangsa Song (Ind: Dinasti Song, Wangsa Song) (Aksara Kan: 宋朝, Pinyin: song chao) ya iku salah siji rajawangsa kang dadi pamaréntah ana ing Cina antarané taun 960 nganti tekan taun 1279 sadurungé Cina diinvasi déning Mongol.[1] Rajawangsa iki nggantèni Lima Rajawangsa lan Sapuluh Nagara lan sawisé kalah lan digantèni déning Rajawangsa Yuan.[1] Rajawangsa iki dadi papréntahan pisanan ana ing donya kang nyithak dhuwit dluwang lan dadi rajawangsa Cina pisanan kang ngedegaké angkatan sagara.[1] Ana ing période papréntahan rajawangsa iki uga, kanggo pisanané nggunakaké bubuk mesiu ana ing paperangan lan kompas minangka nemtokaké arah lor.[1]

Song
Kabauraton
960–1279
Pernahé Rajawangsa Song
Song Lor ing taun 1111
Kutha krajanBianjing (汴京)
(960–1127)

Lin'an (臨安)
(1127–1276)
BasaMandharin
AgamaAgama Buda, Agama Tao, Konghucu, Kapracayan tradhisional Cina
PamaréntahanMonarki
Bauratu
 • 960–976Kaisar Taizu
Mantri
 • Cai Jing,
 • Fan Zhongyan,
Han Tuozhou,
 • Li Fang,
Qin Hui,
Sima Guang,
Sajarah
 • Zhao Kuangyin nggulingaké Wangsa Zhou Akir960
 • Insidhèn Jingkang1127
 • Panyerahan Lin'an1276
 • Paperangan Yamen, rampungé Wangsa Song1279
Cacah wong
 • Étungan 1041±100,000,000 
ValutahJiaozi, Huizi, Koin Cina, Koin tembaga
Sadurungé
Sawisé
Rajawangsa Zhou Pungkasan
Wangsa Yuan

Rajawangsa Song dibagi dadi rong période kang béda, Song Lor lan Song Kidul.[1] Nalika période Song Lor (Tionghoa: 北宋, 960–1127), kuthagara (Ind: ibukota) Song mapan ana ing Kutha Pyancing (Pinyin: Bianjing) (saiki Kaifeng) lan rajawangsa iki ngontrol laladan-laladan ing Cina (laladan suku Han mayoritas).[1] Song Kidul (Tionghoa: 南宋, 1127–1279) ngrujuk mafrang période sawisé rajawangsa Song kélangan kontrol Cina Lor kang direbut déning Rajawangsa Jin.[2] Ana ing période iki, papréntahan Song mundur menyang Kidul Kali Yangcê (Kali Yangtze) lan ngedegaké kuthagara (Ind: ibukota) ana ing Lin'an (saiki Hangzhou).[2] Rajawangsa Song kang kélangan kontrol saka laladan asal kalairane kabudayan Cina kang pusaté ana ing saubengé Kali Kuning, nanging artatataning (Ind: ekonomi) RajaWangsa Song ora rusak amarga 60 persèn populasi Cina ana ing laladan kakuwasan Song Kidul lan akèh-akèhé laladan kakuwasaané iku lemah tetanèn kang prodhuktif.[2] Rajawangsa Song Kidul ngundhakaké kakuwatan angkatan sagarané kanggo mertahanaké laladan maritim rajawangsa Song.[2] Kanggo ndhesek Jin lan bangsa Mongol, rajawangsa Song ngembangaké pariundhagi (Ind: teknologi) militèr kang migunakaké bubuk mesiu.[2] Nalika taun 1234, Rajawangsa Jin ditelukaké déning bangsa Mongol.[2] Möngke Khan, Khan ka-papat kabauraton (Ind: kemaharajaan, kekaisaran) Mongol.[2]

Cathetan sikil besut

  1. a b c d e f "indonesian.cri.cn". Diarsip saka sing asli ing 2010-10-19. Dibukak ing 2011-09-05.
  2. a b c d e f g www.indocina.net