Kabupatèn Brebes

kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia
(Kaelih saka Brebes)

Kabupatèn Brebes (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦽꦧꦼꦱ꧀, Pegon: كَابُڤَتَينْ برٚبٚسْ), punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten ing tlatah Jawa Tengah, Indonésia. Kabupatèn punika dumunung ing laladan pantura saha wewatesan langsung kaliyan provinsi Jawa Kulon, caket kaliyan kutha Cirebon.[1] Jembar wewengkon kabupatèn punika ngantos 1,902.37 km².Kutha krajanipun inggih punika Kacamatan Brebes, kacamatan-kacamatan sanèsipun antawisipun Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Bumiayu, Salem, lan sanèsipun.[1]Brebes punika kabupatèn ingkang gunggunge penduduk ingkang kathah piyambak se-Jawa Tengah, lan paling luas ing Jawa Tengah kaping 2 sawisé Kabupatèn Cilacap.Masarakat Kabupatèn Brebes mliginipun nganggé dhialèk Tegalan kaliyan basa Sundha.[1]

Brebes
كَابُڤَتَينْ برٚبٚسْ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦽꦧꦼꦱ꧀
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Mangesthi Wicara Ebahing Praja

Pernahé Brebes ing Jawa Tengah
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Dina Dadi18 Januari 1678
Kutha krajanBrebes
Pamaréntahan
 • BupatiHj.Idza Priyanti.SE.
 • Wakil BupatiNarjo
Laladan
 • Gunggung1,902,37 km2 (0,73.451 sq mi)
Cacah warga
 • Gunggung1,792,511
 • Pepadhet0,94/km2 (2,4/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Sundha, Arab, Cina lan liya-liya
 • BasaJawa, Sundha lan Indonesia
 • KepercayanIslam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 283 (Brebes Lor)
(+62) 289 (Brebes Kidul)
Situs wèbwww.brebeskab.go.id
(ing basa Indonésia)

Sajarah besut

Wonten ing kisah asal-usulipun, aran Brebes punika dipunpendhet saking tembung mbrembes.[1] Tlatah Brebes ingkang kathah toya saha asring ngendeng toya, sarta taksih rawa-rawa.[1] Andadosaken toya kathah ingkang merembes.[1] Mula lair tembung mrembes, kang ngalami owahan (verbastering) dados Brebes.[1]

Uga wonten kisah sanès ingkang nyariosaken Babad Brebes ingkang dipunpendhet saking cariyos mlebetipun agami Islam wonten ing tlatah Brebes (dhialèk lokal: Berbes) meski dialang-alangi, ing pamulaan wontenipun Brebes, mula iku wonten tembung Berbes ingkang katerusan dados Brebes.[1]Seminar panyusunan sajarah Brebes ("Seminar Perumusan Nama Brebes") ditindhakakén wonten ing Gedung DPRD Kabupatèn Brebes tanggal 1 November 1984.[2]

Papréntahan besut

Papréntahan wonten ing kabupatèn Brebes dilaksanakaken déning Pamaréntah Laladan kaliyan Dewan Perwakilan Rakyat Laladan (DPRD) miturut asas desentralisali, yaiku seserahan wewenang saking pamaréntah punjer kanggo Laladan Otonom ing UU No. 22 Tahun 1999.[3]

Perwakilan besut

DPRD Kabupatèn Brebes kasil Pemilihan Umum Legislatif 2009, wonten 10 parté pulitik ingkang dherek pamilihan, inggih punika:

PartéKursi%
13 Kursi26 %
7 Kursi14 %
7 Kursi14 &
Barkas:Democratic Party (Indonésia).svg6 Kursi12 %
5 Kursi10 %
Barkas:Logo Parté Amanat Nasional.jpg4 Kursi8 %
Barkas:Ppp-logo.jpg4 Kursi8 %
2 Kursi4 %
1 Kursi2 %
Barkas:Logo PDK.jpg1 Kursi2 %
Total50 Kursi100 %

Lambang laladan besut

Barkas:Lambang Kabupatèn Brebes.gif
Lambang laladan Kabupatèn Brebes

Wujud kaliyan motif lambang Kabupatèn Brebes wonten tegesipun.[4] Godhong lambang laladan ingkang minangka dhasar segi gangsal nglambangakén dhasar nagara falsafah nagara yaiku Pancasila, warna biru nunjukaké wontenipun tlatah Brebes punika wonten ing laladan pasisir lan pagunungan.[4] Pucuk segi gangsal nujukaken pucuk gunung, nanging lengkung-lengkungipun nedahaken gelombang sagara.[4] Lintang kang duwé gangsal sudut warna kuning emas ngelambangaken manawi masarakat Brebes punika makluk ingkang berKetuhananan Kang Maha Kuwaos.[4] Bundhering tigan kaliyan gambar brambang nglambangaké tigan asin sarta brambang kasil spesifik laladan.[4] Oyot gangsal ingkang warnanipun cemeng, pucuking brambang kang murub boten mati cacahé gangsal nglambangaké kauripan ingkang dhémokrasi, (lègislatif, èksekutif, yudhikatif) ingkang kalaksanan kanthi dinamis minangka Dhémokrasi Pancasila.[4] Pitulas gabah, wolung kapas, patangpuluh mata rantai nglambangaken titimangsa Proklamasi Kamardikan bangsa Indonésia 17 Agustus 1945.

Pita putih ingkang garisipun cemeng, ngabungaké gabah kaliyan kapas.[4] Wonten ing tengahipun kaserat sesanti laladan Brebes inggih punika "Mangesthi Wicara Ebahing Praja"[4]. Tegesipun sedayanipun sesanti inggih punika rakyat kaliyan Pamarentah Laladan Kabupatèn Brebes gadhah tekad (Mangesthi) yasa laladan kanggé mujudaken kasejahteraan bareng-bareng (Wicara), yasa (Ebahing) nagara (Praja) kaliyan bangsa.[4] Uga wonten tegesipun surya sengkala Mangesthi Wicara Ebahing Praja, inggih punika Mangesthi gadhah watak 8, Wicara duwé watak 7, Ebah(ing) duwé watak 6, lan Praja duwé watak 1.[4] Sakabehé Mangesti Wicara Ebahing Praja duwé makna taun Surya utawi Masehi 1678, taun punika papréntahan Brebes miyos, ingkang titi mangsané 18 Januari 1678 dipuntandhani kaliyan dilantiké bupati Brebes ingkang kapisan inggih punika Radèn Arya Suralaya.[4]

Makna warna-warna sing kagawé[4] inggih punika pethak gadhah teges kejujuran, kesucian, kuning emas tegesipun kesatuan, keagungan, kemuliaan, kebijaksanaan, abrit tegesipun keberanian, ijem tegesé kemakmuran, kerukunan, cemeng tegesipun keteguhan, keabdian, kaliyan warna biru tegesipun kedamaian, kesetiaan.[4]

Wewengkon Brebes besut

Ing wewengkon Kabupatèn Brebes, ana 17 kacamatan lan 1.112 dhusun:[5]

Bupati Brebes besut

Asma-namanipun Bupati Brebes saking taun 1678-2012, inggih punika:[6]

Sarana keséhatan besut

Ora namung punjer keséhatan masarakat (puskesmas) kang sumebar ning kutha krajan kacamatan sarta désa, uga ana rumah sakit kang dikelola déning pamaréntah lan swasta yaiku:

Panganan lan plesiran besut

Endhog Asin, panganan kas Brebes

Panganan kas sarta wisata kuliner besut

Plesir besut

Deleng uga besut

Réferènsi besut

Pranala njaba besut

Bupati Brebes (1678-2012)
No.NamanipunTahun
01.Tumenggung Arya Suralaya1678-1683
02.Tumenggung Pusponegoro I
03.Tumenggung Pusponegoro II1683-1809
04.Tumenggung Puspanagara III
05.K.A.A. Singasari Panatayuda I1809-1836
06.K.A.A. Singasari Panatayuda II1836-1856
07.K.A.A. Singasari Panatayuda III
08.R.T. Cakra Atmaja1876-1880
09.R.M.A.A. Cakranegara I1880-1885
10.R.M.T. Sumitra (Cakranegara II)1885-
11.R.M. Martana1907-1929
12.R. Sajikun1907 (8 sasi)
13.K.R.T.M. Ariya Purnama Hadiningrat1920-1929
14.R.A.A. Sutirta Pringga Haditirta1936-1942
15.R. Sunarya1942-1945
16.Sarimin Reksadiharja1946
17.K.A. Syatori1946-1947
18.R. Awal1947-1947
19.Agus Miftah1947-1948
20.R. Sumarna1948-1950
21.Mas Slamet1950-1956
22.R. Mardjaban1956-1966
23.R.H. Sartono Gondosoewandito, SH1967-1979
24.H. Syafrul Supardi1979-1989
25.H. Hardono1989-1994
26.H. Syamsudin Sagiman1994-1999
27.H. Moh. Tadjudin Nuraly1999-2001
28.Drs. H. Tri Harjono (Plth)2001-2002
29.Indra Kusuma, S.Sos2002-2010
30.H. Agung Widiantoro, SH, M.Si2010-2012
31.Hj. Idza Priyanti, A.Md., S.E.2012-2017