Maskumambang
Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat diwasa, ing mangsa nalika saka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarané emas lan kumambang. Ana kang nganggep yèn Maskumambang iku tembangé wong lanang, déné yèn wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, lumrahé isiné kaya wong kang lagi sambat lara, katula-tula, lan sengsara.
Metrum besut
Saben pada (bait), tembang maskumambang ana patang gatra (baris).
- 12-i
- 6 -a
- 8 -i
- 8 -a
Tuladha besut
- Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
- Sambaté mlas arsa
- Luhnya marawayan mili
- Gung tinamêng astanira
Pranala besut
Alit |
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
Tengahan |
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
Ageng |
Girisa |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaSengkalanArané pérangan awakPallywoodUpacara tingkebanPariwaraSurat Adh Dhuha18 AprilMirunggan:GolèkPerang Donya IIParikanTitilarasMacapatCublak-cublak suwengPitulung:IsiMitoniSinarmas GroupKarbonJavaScriptSepongSemarSoekarnoWayangBismaWangsalanPrastawa BudayaSesorahWikipédia:BabMijilMirunggan:Owahan anyarGapura:PaguyubanWikipédiaSurat Al QadrWikipédia:Sugeng rawuhWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqSintaksisDurmaKutha Surakarta