Jerman Nazi

Jerman Nazi utawa Reich Katelu iku ngarujuk mligi mangsa wiwit taun 1933 nganti 1945, nalika Adolf Hitler mimpin nagara Jerman minangka diktator lan nyebaraké ideologi nasional-sosialisme (Nationalsozialismus). Reich iku tembung Jerman kanggo "karajan". Disebut karajan katelu amarga karajan pisanan yaiku Kakaisaran Romawi Suci, déné karajan kaloro yaiku Kakaisaran Jerman.

Großdeutsches Reich
Reich Jerman Raya
Gendéra Jerman NaziLambang Jerman Nazi
GendéraLambang
verweis= Républik Weimar1933-1945verweis= Pamaréntah Flensburg
SesantiEin Volk, ein Reich, ein Führer
Wong siji, siji Kakaisaran, siji pimpinan
Basa resmiBasa Jerman
Kutha krajanBerlin
PamaréntahDiktator
Wewengkon633,786 km²
Padunung
1939
69,314,000
Kapadhetan109.4 /km
Valuta Reichsmark
Didegaké30 Januari 1933 (Machtergreifung)
Dibubaraké7/8 Mèi 1945 (Nyerahke Jerman)
Lagu kebangsaanDas Lied der Deutschen"
Fuhrer/PrésidhènPaul von Hindenburg (1933-1934)
Adolf Hitler (1934-1945)
Karl Donitz (1945)
KanselirAdolf Hitler (1934-1945)
Joseph Goebbels (1945)
Lutz Graf Schwerin von Krosigk (1945)
Peta
Gendéra Jerman Nazi, kanthi swastika minangka simbul dominan.
Peta Jerman ing jaman Nazi.

Sajeroning periode iki Jerman tuwuh saka nagara kang kalah Perang Donya I nganti dadi salah siji kakuwatan militèr gedhé dhéwé ing donya. Ing ing sajeroning wektu iku uga ditindakaké pulitik rasis kang ngagungaké bangsa Arya lan ora ngajèni ras-ras liya.

Mliginé bangsa Yahudi didiskriminasèkaké lan dikumpulaké kanggo dipatèni ing kamp konsèntrasi. Saliyané wong Yahudi kaum Nazi uga ndiskriminasi lan mbesmi bangsa Gipsi (Roma lan Sinti) sarta bangsa Slavia. Jerman Nazi bubar nalika kalah sajeroning Perang Donya II nglawan Uni Soviet lan kakuwatan Sakuthu kang dibawahi Amérika Sarékat. Kasil saka kakalahan iki nagara Jerman banjur dipérang, yaiku Républik Federasi Jerman ing sisih kulon lan Républik Dhémokratis Jerman ing sisih wétan sarta wewengkon ing wétané Kali Oder lan Neisse diwènèhaké marang Polen lan Uni Soviet.

Wewengkon Éropa taklukan Nazi Jerman ing jaman puncak kakuwasan
Perkembangan ekspansi wewengkon Jerman ing Éropa saka 1937 nganti 1 September 1939

Wewengkon taklukan Nazi Jerman besut

Deleng uga besut

Sajarah Jerman