Gajih utawa ''lipid'' uga bisa diarani lenga hewani ing suhu ruwang, ucul saka awujud kang kenthel lan cuèr.[1] Ing jero awak, gajèh bisa kanggo sumber ènèrgi kang èfisièn.[2]

Trigliserida

Klasifikasi besut

Miturut Bloor, gajih bisa diperang dadi telung warna:[2][3]

  1. Gajih prasaja, ya iku campuran ester asem lemak lan sapérang alkhohol.[2][3] Tuladhané fat/lenga (TAG/trigliserida).[2][3]
  2. Gajih campuran, ya iku ester asem lemak kang ngandhut gugus tambahan saliyané alkhohol lan asem lemak.[2][3] Tuladhané fosfolipid lan glikolipid.[2][3]
  3. Gajih turunan, ya iku zat sangisoré golongan ester asem lemak, alkhohol lan hidropilis.[2][3] Tuladhané asem lemak, gliserol, alkohol padat, aldehid, keton bodies.[2][3]

Miturut sipat kimia (dhedhasar réaksi karo basa kuwat)[3]

  1. Gajih "tersabunkan" (hidrolisis karo basa)(latin: sapo, soap=sabun=garam asem lemak).[3] Tuladhané TAG (triasil gliserol) lan fosfolipid.[3]
  2. Gajih tak tersabunkan.[3] Tuladhané: sterol (kolesterol), vitamin kang larut ing jero gajih.[3]

Miturut tingkat kejenuhan[4]

1. Asam lemak jenuh

Jeneng AsamStrukturSumber
ButiratCH3(CH2)2CO2HGajih saka susu
PalmitatCH3(CH2)14CO2HGajih saka hewani lan nabati
stearatCH3(CH2)16CO2HGajih saka hewani lan nabati

2. Asam lemak ora jenuh

Jeneng AsamStrukturSumber
PalmitoleatCH3(CH2)5CH=CH(CH2)7CO2HGajih saka hewani lan nabati
OleatCH3(CH2)7CH=CH(CH2) 7CO2HGajih saka hewani lan nabati
LinoleatCH3(CH2)4CH=CHCH2CH=CH(CH2)7CO2HMinyak nabati
linolenatCH3CH2CH=CHCH2CH=CHCH2=CH(CH2) 7CO2HMinyak biji rami

Kagunan besut

Gajih bisa minangka:[3]

  1. Kanggo sumber ènergi(duwé kandhutan 9 kkal/g)[3][5]
  2. Mbangun mémbran sèl lan bisa diliwati sapérang bahan kang lumebu lan metu saka sèl [3]
  3. Kanggo ngayomi organ-organ kang wigati utawa kanggo winates jaringan ing jero awak [3]
  4. njagaawak saka pangaru-aru njaba kaya ta: suhu, borok (infèksi) lan liya-liyané [3]
  5. Insulator listrik (supaya impuls-impuls syaraf bisa rikat ngrambat) [3]
  6. Biyantu transport senyawa-senyawa kaya ta vitamin, yèn ing jero getih bisa kanggo métabolisme [3]

Cathetan suku besut

  1. Shvoong.com Archived 2012-01-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  2. a b c d e f g h Widodo, Wahyu. 2005. Tanaman Beracun dalam Kehidupan Ternak. Malang: UMM Pres.
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Lipid Lemak Archived 2011-04-23 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 April 2011)
  4. - Lemak dan Minyak(dipunundhuh tanggal 22 April 2011)
  5. Manfaat lemak bagi tubuh manusia Archived 2011-05-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 April 2011)